sastra bagiku duniaku, dan ilmu adalah mata keduaku. Jika aku kehilangan salah satu dari itu aku tiada. tak pernah diperhitungkan sebagai manusia beradab.Tak pernah dianggap ada karena semangat, percaya diri itu adalah motivasi keduaku setelah keberadaan Tuhanku. dan sesudah nasehat motivator sejatiku

8.15.2012

CONTOH KHUTBAH BAHASA JAWA


اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكبَرْ (3×)
الله أَكْبَرُ كَبِيْرًا, وَالحَمْدُ لِلّهِ كَثِيْراً, وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاَ, لاَإِلهَ إِلاَّالله وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ. لَاإِلهَ إِلاَّالله وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيّاَهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ المُشْرِكُوْنَ وَلَوْكَرِهَ الكاَفِرُوْنَ وَلَوْكَرِهَ المُناَفِقُوْنَ. الحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ حَرَّمَ الصِّياَمَ أَيّاَمَ الأَعْياَدِ ضِياَفَةً لِعِباَدِهِ الصَّالِحِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلهَ إِلاَّالله لاَشَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ جَعَلَ الجَّنَّةَ لِلْمُتَّقِيْنَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ وَمَوْلاَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ االداَّعِيْ إِلىَ الصِّراَطِ المُسْتَقِيْمِ . اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلىَ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنَ. أَماَّ بَعْدُ: فَيَااَيُّهَا الْعَائِدُوْنَ وَالْفَائِزُوْنَ, أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. وَاتَّقُوْا الله حَقَّ تُقاَتِهِ وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ وَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ:
وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللهَ عَلَى مَاهَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ. صدق الله العظيم


Ma’asyirol Muslimin Muslimat Rahimakumullah.
Alhamdulillah
Ing enjing puniko, dinten ahad, tanggal 19 Agustus 2012 M bertepatan kalian tanggal 1 Syawal 1433 H artosipun sampun titiwanci kito ngormat rawuhipun dinten mulyo, dinten agung inggih puniko ‘IDUL FITRI.Nggih punika dinten ingkang agung, lan dinten kemenangan tumrapipun tiyang-tiyang muslim ingkang nembe sami nglampahi ibadah siyam ramadhan. Pramila mangga kita tansah ningkataken raos takwa kita dateng Allah SWT, kanti saestu nindakaken sedaya dawuh-dawuhipun, lan ikhlas nebihi sedaya awisan-awisanipun.
الله اكبرالله كبيرا الله اكبر ا ولله الحمد

Ma’asyirol Muslimin Muslimat Rahimakumullah.
Saksampunipun kita nglampahi siyam ramadhan setunggal wulan penuh, kita saged mendet hikmah lan pelajaran ingkang kathah. Salah satunggalipun saged ningkataken dateng tauhid kita (nyuwiji-aken dumateng Gusti Allah), nggih punika ikhlas anggenipun ngibadah, saestu-estu naming kranten Gusti Allah. Wonten hadist qudsi Gusti Allah sampun paring dawuh;

عن ابي هريرة رضي الله عنه ان رسول الله صلى الله هليه وسلم قال الصيام جنة فلا يرفث ولا يكسل
وان امرء قاتله او شاتمه فليقل اني صائم مرتين والذى نفس محمد بيده لخلوف فم الصائم اطيب عندالله من ريح المسك يترك طعامه وشرابه وشهوته من اجلى الصيام لى وانا اجزى به والحسنة بعشر امثالها
(اخرجه البخارى)


(‘An abi hurairata RA, anna rsulullah SAW qala: Assiyamu junnatun, fala yarfus wala yaksal, wa inimru’un qa talahu au syatamahu fal yaqul: inni shoimun marrataini. Walladzi nafsu muhamadin biyadihi lakholuufu fammissoimi atyabu ‘inda allahi min riihilmiski. Yatruku tha’amahu wasyarabahu, wasyahwatahu min ajli, assiyamu lii wa ana ajzii bihi, wal khasanatu bi’asyri amtsa liha.)
Artosipun;
Saking Abu Hurairah RA, estu Gusti Rasulullah SAW nate ngendika: Puasa iku minangka tameng. Pramila aja padha ngendika kang kotor lan uga aja padha tumindak bodo. Menawa ana wong kang nantang permusuhan atawa ngenyek, becik wangsulana: “aku lagi puasa” (2x). Demi Allah, temen bilih ambune tutuke wong kang puasa iku luwih wangi mungguhe gusti Allah, tinimbang ambune lenga misik (kasturi). Dewek-e ninggalake dahar, ngunjuk lan syahwat karena Aku(Allah). Mula ibadah puasa iku kanggo Aku, lan Aku dhewe kang bakal paring piwales. Kabeh keapikan bakal di tikelaken kaping sepuluh. (Hadits
ingkang di pun riwayataken deneng Imam Bukhari).
Hadist qudsi wau paring kategasan, bilih ibadah siyam dipun lampahi kanti raos ikhlas, inggih punika naming kranten Allah SWT. Mila kanti raos ikhlas punika, badhe ndadosaken watak ingkang jujur. Wonten pundi papan lan wonten pundi wekdal, kita tansah ngraos celak kalian Gusti Allah, rumaos bilih kita tansah dipun awasi dening Gusti Allah. Mila kanti ibadah siyam punika, insya Allah saged nuwuhaken watak jujur, amanah, lan raos tanggung jawab wonten ing saklebetipun manah kita.
الله اكبرالله كبيرا الله اكبر ا ولله الحمد

Ma’asyirol Muslimin Muslimat Rahimakumullah.
Namung kados pundi kawontenan sakmenika, kita sanget prihatos lan sedih, bilih mirsani wonten ing media masa, sae
meniko TV punapa Koran, ingkang kathah ngemot kabar tiyang-tiyang ingkang mboten jujur, njih punika tiyang-tiyang ingkang sami korupsi. Kawontenan punika nedahaken bilih sakmenika taksih kathah tiyang ingkang nglampahi ibadah tanpa dasar ikhlas. Tasih kathah tiyang ingkang ngelampahi ibadah namung secara formalitas. Sehingga kathah tiyang ingkang rajin ibadah, nanging ugi entheng tumindak korupsi.

Wonten ing salah setunggalipun riwayat dipun ngendikaaken, bilih nalikanipun sahabat Abu Hurairah kundur saking Bahrain (minangka Gubernur Bahrain), piyambakipun lajeng sowan dumateng Sayidina Umar RA. kanthi mbeta 400.000 (kawanatus ewu) dirham. Lajeng Sayidina Umar ndangu dateng Abu Hurairah; Apa sira dzalim marang wong suwiji?. Abu Hurairah njawab; “mboten”. Sayidina Umar ndangu malih: Apa sira njupuk suwiji-wiji saka hak-ke wong liya?. Abu Huraiarah kanti tegas njawab: “mboten”. Sayidina Umar ndangu malih: P
ira sing sira jupuk kanggo awakmu dhewe?. Abu Hurairah njawab: “20.000 (kalihdasa ewu) dirham”. Sayidina Umar tangled malih: Saka endi sira entuk 20.000 (kalihdasa ewu) dirham?. Abu Hurairah njawab: “Kula dagang”. Lajeng Sayidina Umar dawuh: Yen kaya ngana, saiki etungen pira modalmu sing kok enggo, terus jupuk rizkimu, lan liyane sira serahke neng baitul mal.
Mekaten contoh pemimpin ingkang sae. Pemimpin ingkang tansah ati-ati, supados saged resik, mboten gampil korupsi, lan mboten gampel mendet hak
ipun tiyang sanes. Wonten ing Surat Ali Imran ayat 161, Allah SWT. paring Dawuh;


وما كان لنبي ان يغل ومن يغلل يأت بما غل يوم القيامة ثم توفى كل نفس ما كسبت وهم
لايظلمون (ال عمران: 161)

(Wama kana linabiyyin ayyahulla wamayyahlul ya’ti bima halla yaumalqiyaamati tsumma tuwaffa kullu nafsimmaa kasabat wahum la yudhlamuun)


Artosipun, Ora ono tumrape Nabi tumindak curang, tumindak korupsi.
Sing sapa wonge korupsi sesuk bakal teka ana ing dina kiyamat kanti hasil korupsi mau. Banjur saben-saben wong oleh piwales apa sing wis dilakoni. Deweke ora nganiaya, lan deweke uga ora teranioyo (QS. Ali Imran: 161).
Dawuhipun Gusti Allah punika nedahaken bilih korupsi kalebet tumindak curang ingkang dipun larang dening agami Islam. Korupsi mboten namung ngrugeake dateng tiyang sanes, ananging ugi ngrugeake dateng awakipun piyambak. Kranten kanti tumindak korupsi, ibadah kita mboten badhe dipun tampi dening Gusti Allah. Kanjeng Nabi Muhammad SAW paring dawuh;


قال عبد الله بن عمر إني سمعت رسول الله صلى الله عليه وسلم يقول لا تقبل صلاة بغير طهور
ولا صدقة من غلول(رواه مسلم)


(Qala ‘Abdulla ibn Umar: Inni sami’tu rasulallahi SAW yaqulu: La tuqbalu sholatun bighoiri tuhurin, wala sodaqatun min ghululin)

Artosipun, Abdullah Bin Umar paring atur; Estu kula mireng Rasulullah SAW ngendika: Sholat iku ora bakal ditampi tanpa sesuci, lan ora ditampi ugi, shodaqoh kang asalipun saka korupsi.
(HR. Muslim).

Hadits punika paring kategasan bilih shodaqoh kedah ngginaaken banda ingkang halal. Pramila saking punika, shodaqoh ingkang ngginaakenbanda hasil ngapusi lan korupsi mboten badhe dipun tampi dening Gusti Allah, Artosipun shodaqohipun mboten pikantuk pahala. Wonten qaidah fiqih dipun sebataken;


ما حرم أخذه حرم إعطائه
(Ma kharuma akhduhu, kharuma I’to uhu)
Apa sing haram dijupuk, haram uga diwenehaken.

Gusti Kanjeng Nabi Muhammad paring dawuh ingkang isinipun ancaman:
كل لحم انبته السحت فالنار اولى بهز قيل يا رسول الله وما السحت ؟ قال الرشوة فى الحكم
(Kullu lahmin ambatahussuhtu, fannaru aula bihi. Qiila ya Rasulallah: wamassuhtu ? qoola: arrosywatu filhukmi)
Artosipun: Saben-saben daging kang ditumbuhake dening perbuatan ngapusi (korupsi), neraka luwih sakmestine kanggo wong iku. Para sahabat matur, السحت menika napa gusti Rasul? Rasulullah ngendika; yaiku mbeseli (nyogok) ana ing perkawis h
ukum.

الله اكبرالله كبيرا الله اكبر ا ولله الحمد

Ma’asyirol Muslimin Muslimat Rahimakumullah.
Mila menika mangga, kita segeda saestu-estu nglaksanaaken amanat ingkang sampun kaparingaken dateng kita. Gusti Allah paring dawu
h wonten ing surat An-Nisa’ ayat 58;

Artosipun : saktemen Gusti Allah dawuh marang sira kabeh, supaya nglaksanaaken amanah marang wong seng berhak. Mila nalikane sira netepaken hokum ana ing antara para manungsa, supaya sira agawe hukum kanthi adil. Saktemene Gusti Allah iku sak apik-apike Dzat kang pareng nasehat kanthi kejujuran. Saktemene Gusti Allah iku Dzat kang maha Midanget lan maha Mirsane, (QS. An-Nisa’: 58)
Pramila mangga, sageda kejujuran menika saestu-estu kita junjung tinggi. Ampun ngantos kita, keluarga kita, lan tiyang-tiyang ingkang kita tresnani sami tumindak ingkang mboten jujur. Amargi nate ing setunggalipun wekdal, wonten sahabat ingkang seda wonten perang khaibar. Pramila para sahabat sami ngaturaken kabar punika dumateng Gusti Rasulullah SAW. Saksampunipun Gusti Rasul dipun caosi kabar, lajeng Gusti Rasulullah paring dawuh;

صلوا على صاحبكم
(Shollu ‘ala shohibikum)
Sira padha nyalatana marang kancamu kuwi.

Mila para sahabat lajeng sami bingung, wajahipun sami pucet, kranten kados-kados Gusti Rasul mboten sudi nyalati dateng janazahipun sahabat punika. Nalika Gusti Rasul ningali bingungipun para sahabat, lajeng Gusti Rasulullah ngendika;

إن صاحبكم غل فى سبيل الله
(Inna shohibakum gholla fi sabilillah)

Saktemene kancamu iki ndelik-ke (korupsi) ana ing dalane Gusti Allah.

Mila ingsun banjur mbukak (nggledah) bandane, ditemok-ke ana slimut seng diantara slimute wong Yahudi, kang ragane ora nganti 2(rong) dirham. Menika korupsi ingkang sekedik, kirang saking kalih dirham, ananging Gusti Nabi Muhammad SAW mboten kersa nyalati. Gusti rasulullah namung prentah dateng para sahabatipun kagem nyalati janazah tiyang kalawau. Artosipun kados-kados gusti Rasul mboten sudi nyalati dateng tiyang ingkang korupsi, senajan bandha sing dikorupsi namung sekedik.


الله اكبرالله كبيرا الله اكبر ا ولله الحمد

Ma’asyirol Muslimin Muslimat Rahimakumullah.
Pramila mangga, kanthi wontenipun siyam Ramadan, sageda kejujuran kita junjung tinggi, sageda korupsi kita tebihi, kita bentuk watak bangsa kita kanti watak ingkang terpuji, watak ingkang jujur, ingkang amanah lan pinercaya.

الله اكبرالله اكبرالله اكبر ولله الحمد
با رك الله لنا ولكم بالقرآن العظيم ونفعنا واياكم بمافيه من الآيات وذكرالحكيم وتقبل منا تلاوته انه هوالبر الرحيم
وقل رب اغفر وارحم وانت خير الراحمين
الخطبةالثانية
الله اكبر- الله اكبر- الله اكبر- الله اكبر- الله اكبر- الله اكبر- الله اكبر.الله اكبر كبيرا والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة واصيلا. لااله الاالله والله اكبر الله اكبر ولله الحمد
أَعُوْذُ باِلله ِمِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَحِيْمِ. إِنَّ اللهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيْ يَآأَيُّهاَالَّذِيْنَ آمَنُوْآ صَلُّوْآ عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. فَأَجِيْبُوْآالله َاِلَى مَادَعَاكُمْ وَصَلُّوْآ وَسَلِّمُوْأ عَلَى مَنْ بِهِ هَدَاكُمْ
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصِحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. وَعَلَى التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. وَارْضَ الله ُعَنَّا وَعَنْهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الراَحِمِيْنَ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِناَتِ وَالمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ الأَحْيآءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعُ قَرِيْبٌ مُجِيْبٌ الدَّعَوَاتِ.
اللَّهُمَّ انْصُرْأُمَّةَ سَيّدِناَ مُحَمَّدٍ
اللَّهُمَّ اصْلِحْ أُمَّةَ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ. اللّهُمَّ انْصُرْ أُمَّةَ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ. اللّهمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ. وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الدِّيْنَ. وَاجْعَلْ بَلْدَتَناَ إِنْدُوْنِيْسِيَّا هَذِهِ بَلْدَةً تَجْرِيْ فِيْهَا أَحْكاَمُكَ وَسُنَّةُ رَسُوْلِكَ ياَ حَيُّ ياَ قَيُّوْمُ. يآاِلهَناَ وَإِلهَ كُلِّ شَيْئٍ. هَذَا حَالُناَ ياَالله ُلاَيَخْفَى عَلَيْكَ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنّاَ الغَلآءَ وَالبَلآءَ وَالوَبآءَ وَالفَحْشآءَ وَالمُنْكَرَ وَالبَغْيَ وَالسُّيُوفَ المُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَآئِدَ وَالِمحَنَ ماَ ظَهَرَ مِنْهَا وَماَ بَطَنَ مِنْ بَلَدِناَ هَذاَ خاَصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ المُسْلِمِيْنَ عاَمَّةً ياَ رَبَّ العَالمَيِنَ. اللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَهْلِكِ الكَفَرَةَ وَالمُبْتَدِعَةِ وَالرَّافِضَةَ وَالمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ. وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِيْمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. رَبَّناَ اغْفِرْ لَناَ وَلِإِخْوَانِناَ الَّذِيْنَ سَبَقُوْناَ بِالإِيمْاَنِ وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِناَ غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّناَ اِنَّكَ رَؤُوفٌ رَحِيْمٌ
Ya Allah ya Rab, Panjenengan limpahaken shalawat dumatheng kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mugi kanthi barokah shalawat meniko panjenengan paring kebebasan dumatheng kulo sedhoyo saking bencana lan musibah ndunyo kelawan akhirat. Ya Allah ya Karim, panjenengan tetepaken wonten manah lan dhohir kulo mantep dumatheng agami Islam, panjenengan jagi Iman sa`lebete manah kulo sedhoyo ya Allah supadoso mboten enggal sirno saking sa`lebetipun manah
Ya Allah ya Rab, kulo sedhoyo nyuwun dumatheng panjenengan petunjuk ingkang leres ya Allah, nggih petunjuk supadoso kulo sedhoyo sageto istiqomah wonten margi ketakwaan dumatheng panjenengan. Ya Allah ingkang kagungan sedhoyo kamulyaning jagad, panjenengan paringi kulo lan sedhoyo jama`ah kesehatan jasmani lan kesehatan rohani, ugi panjenengan paringi kulo lan sedhoyo jama`ah sugihipun manah lan Iman dumatheng panjenengan ya Allah.
Ya Allah ya Rab, panjenengan limpahaken wonten manah kulo raos ajrih dumatheng panjenengan, raos manah ingkang saged ndadosaken benteng saking lelampah maksiat dumatheng panjenengan. Ya Allah, limpahaken datheng manah kulo sedhoyo raos tansah kepengin taat, nunduk lan pasrah maring panjenengan, Ugi Raos ingkang saged ndadosaken kulo lan sederek kulo sedhoyo kalebet wonten suwargo panjenengan ya Allah, Ya Allah ya Rab, panjenengan gesangaken keyakinan ingkang saged ndadosaken ringan saking sedhoyo beban penderitaan, raos kepengin mbales dendam lan sedhoyo musibah ingkang nyoto utawi ingkang taksih samar.
Ya Allah ya Rab, panjenengan dadosaken sae rerungon lan netro kulo ya Allah, lan sedhoyo kekarepan sarto kekuatan ingkang kalebet wonten manah lan dhohir kulo, ugi panjenengan dadosaken sedhoyo meniko wau warisan kangge anak keturunan kulo sedhoyo ya Allah. Ya Allah ya Karim, Panjenengan paringi dalem doyo utawi kekuatan manah saking sedhoyo tiyang ingkang dzolim dumatheng kulo lan sedhoyo sederek muslim, ugi panjenengan paringi kulo lan sederek kulo sedhoyo pitulungan saking jahatipun tiyang-tiyang ingkang musuhi agami Islam
Ya Allah ya Rob, sampun panjenengan timpahaken musibah dumatheng agami kulo, ugi sampun panjenengan dadosaken sedhoyo gebyaring ndunyo minongko tujuan gesang kulo, Ya Allah. Sampun panjenengan paringaken dumatheng kulo sedhoyo pemimpin ingkang mbalelo dumatheng printah panjenengan, pemimpin ingkang mboten kagungan raos ajrih dumatheng panjenengan, lan pemimpin ingkang mboten kagungan welas asih dumatheng sa`kathahe umat Islam.
Ya Allah ya Rab, kanthi sa`leresipun Fatihah lan kanthi rahasia ingkang ke kandung wonten serat Fatihah, kulo nyuwun dumatheng panjenengan supadoso saged sirno sedhoyo kesedihan lan penderitaan wonten gesang kulo sedhoyo, Ya Allah ingkang kinasih dumatheng sedhoyo umat, gusti Allah ingkang saguh nebihaken sedhoyo bala`, panjenengan tebihaken sedhoyo bala` bencana ya Allah, kekejian lan kemungkaran wonten sa`lebete negari. Ugi panjenengan tebihaken sengketa, kekejaman lan peperangan ingkang kasunyatan wonten netro ugi ingkang taksih samar, ingkang kawontenan sa`jeroning negeri kang kulo panggeni ugi ingkang dipun panggeni sedhoyo umat muslim. Panjenengan tebihaken ya Allah 3x.
Ya Allah ya Rab, kulo sedhoyo nyuwun dumatheng panjenengan petunjuk supadoso kulo sedhoyo saged nglampahi tobat kanthi terus-terusan saking sedhoyo dosa lan kesalahan-kesalahan, ugi panjenengan lindungi kulo lan sedhoyo derek kulo saking kathahing perbuatan maksiat lan sedhoyo ingkang dados panyebabipun. Panjenengan dadosaken kulo sedhoyo tiyang ingkang tansah eling dumatheng panjenengan ya Allah sa`derenge dumugi hasrat nglampahi karep maksiat.
Ya Allah ya Karim, panjenengan sirna`aken saking pikiran kulo sedhoyo perasaan wontene manfaat saking perilaku maksiat, panjenengan gantos kalihan perasaan benci datheng sedhoyo bentuk lelampah maksiat ya Allah. Ugi panjenengan gesangaken saking manah kulo sedhoyo raos kanthi kepengin tobat dumatheng panjenengan, tobat saking doso lan sedhoyo kesalahan-kesalahan ingkang sampun kelanjur kulo lampahi.
Ya Allah ya Rab, panjenengan ngapunten sedhoyo doso lan kesalahan kulo, sedhoyo doso lan kesalahan tiyang sepuh kulo ya Allah. Panjenengan paringi welas asih datheng kekalihipun kados kekalihe taksih gesang lan ngrawat kulo ing wekdal alit. Ugi panjenengan paringi ampunan doso dateng sedoyo tiyang Islam ingkang jaler utawi ingkang istri, ingkang taksih gesang utawi ingkang sampun suwargi ,khususipun dateng wargo masyarakat desa joho meniko yaa alloh 3x
Ya Allah, panjenengan ampuni lan panjenengan kinasihi kulo sedhoyo ya Allah, keranten namung panjenengan ingkang saged maringi sedhoyo panyuwun kulo, Ya Allah ya Rab, mboten wonten malih kekuatan kejabi saking pitulungan panjenengan ya Allah, Gusti ingkang maha agung lan maha luhur.
Panjenengan paringi panjang umur kulo sedhoyo ya Allah, panjenengan paringi sehat lahir lan bathin kulo, panjenengan paringi cahyo wonten manah kulo lan panjenengan tetepaken Iman kulo ya Allah, panjenengan dadosaken sae sedhoyo amalan kulo ugi panjenengan jembaraken rejeki kulo sedhoyo. Ya Allah ya Rab, panjenengan cela`aken kulo sedhoyo wonten tindak kebecikan, lan panjenengan tebihaken kulo sedhoyo saking tindak kejahatan.
Ya Allah, Panjenengan ijabahi sedhoyo hajat kulo, panjenengan suceni manah kulo saking sedhoyo bentuk tindak kejahatan, lan panjenengan unggahaken derajat gesang lan mati kulo sarto sedhoyo sederek muslim ingkang kagungan Iman ya Allah.
Ya Allah ya Rab, panjenengan kabulaken sedhoyo tujuan gesang kulo ingkang sae, semanten ugi tujuan sak sampunipun pejah kulo. Ya Allah ya karim, namung panjenengan ingkang saged angabulaken sedhoyo panyuwunan abdi-abdi panjenengan ya Allah,..panjenengan ijabahi sedhoyo hajat kulo, nggih hajat wonten agami, hajat ndunyo, lan hajat akhirat, ya Allah sa`leresipun panjenengan maha kuwaos dumatheng sedhoyo ingkang dumunung ing sa`jembaring jagad, dalem nyuwun dumatheng panjenengan ya Allah 3x.
. رَبَّناَ آتِناَ فِيْ الدُّنْياَ حَسَنَةً وَفِيْ الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِناَ عَذَابَ النَّارِ وَالحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ العاَلمَيِنَ. وَاَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
Subhaana rabbika rabbil `izzati `amma yashifuun, wasalamun `alal mursaliina wal hamdulillahi rabbil `aalamiin.

عبادالله ان الله يأمركم بالعدل والإحسان وإيتآء ذى القرب وينهى عن الفخشآء والمنكر والبغى يعظكم لعلكم تذكرون واذكروا الله العظيم والشكروه على نعمه يزدكم ولذكر الله اكبر
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ و


  • MENERIMA PEMBUATAN MAKALAH DAN KARYA TULIS
Read More : CONTOH KHUTBAH BAHASA JAWA

  © Blogger templates The Transformers by Blog Tips And Trick 2009